Pengine sih merem.Turu.Tapi ana sing ngganjel nang sirah,sing jelas udu kampil.Nyong pengin ngisi kamarku karo barang-barang.Jan,rasane koh ora ana betahe urip nang kamar kosong.Mung isi kasur,dispenser,karo lemari nggo wadah klambi.Niate InsyAllah gajian wulan siki nyong arep mipil tuku TV + mejane,rak nggo wadah buku.Nyong ya kepengin gawe hiasan utawa tuku poster/gambar2 nggo ditempel nang tembok.Kuwe bae disit lah,mbok duwite kurang nggo urip sewulan.
Mikire nyong tulih angger nang kamar ana TV dadi ora usah dolan maring ngendi-ngendi.Ya sing murahan bae lah,ora usah larang-larang.
Lha wulan ngarep,tuku: VCD/DVD+kaset film-film sing apik contone:Harry Potter,Education movie,karo film indonesia sing apik tapi urung pernah tek tonton.MP3 aja kelalen.
Ya,semoga tercapai & nyong betah nang kamar.
Ora kelalen nggo Beib ku.
Sugeng Ndalu ya Beib.
0 komentar:
Posting Komentar
Welcome....