Senin, 19 Desember 2011

GALAU (Edisi Ngapak)

Wengi kiye, nyong lagi mbuh ora karuan rasane. Jenenge wong kae teka terus nang pikiranku. Gemuyune ora ilang-ilang terus omongane jan, mak jleb nang atine nyong. Tapi arep kepriwe maning, lha nyong ora pantes blas nek kudu dadi wong sing saben wektu nang sandinge. Nyong jan wis ora mungkinlah bisa olih cintane kae wong. Wis mustahil.
Tapi nek aku olih ngomong, aku rasane pengen ketemu terus, pengen nang jejere terus, weruh senyumanne, ngrasakna aroma parfumme, terus ngringokna omongane. Jan......Rasane nek bisa ngrangkul awake kowh jan....senenge banget ndean.
Nyong bener-bener seneng karo wong kae, Ya Allah......
Padahal, mbiyen yah.....Nyong wis ngira ora mungkinlah arep seneng maring kiye wong. Tapi jebule, saking seringe ketemu, saking seringe ngobrol, nyong ora bisa nglomboni nek nyong jebule ngrasa ayem nang jejere. Ngrasa nek nyong wis ora perlu werna-werna cukup nang jejere bae nyong wis ngrasa olih kabeh.
Nyong kepengin wengi kiye, bisa ngringokna suarane maning.
Sedina mau, nyong ora omong-omongan. Nyong kuliah terus, maring Studio. Dadi ora sempet nemoni. Maning, siki kayane deweke juga lagi ana sing aneh maring aku. Lah mbuh apa...... Semoga baen, ora ana apa-apa.
Wis lah ya......ketemu ngesuk maning.

0 komentar:

Posting Komentar

Welcome....